Wednesday 24 January 2018

Parfum Isi Ulang

Pagi itu setelah upacara, Mas Wira dan Mbak Wiri masih duduk di ruang kerjanya sebagai Pamong Desa. Sembari menikmati teh panas, mereka terlibat dalam percakapan santai.

"Mas Wir, sampeyan ndak ngerti? nyong mau pas upacara awaku gelisah ora tenang jhe", kata Mbak Wiri penuh perhatian. 

"Lha, kok biso ora tenang, emange sampeyan grogi njur panas atis Mbak?", tukas Mas Wira keheranan.
"Ora sih mas, nanging iki kelekku iki kok keroso panas campur sempriwing ora mari-mari", jawab Mbak Wiri sembari nyengar-nyengir.

"Ooh...kelekke sampeyan emange kenopo tho Mbak Yu?", tanya Mas Wiri sambil melirik Mbak Wiri kipas-kipas, ke arah ketiaknya.

"Nyong kui, mau sak durunge mangkat kerjo, jupuk botol parfum ning dhuwur mejo. Gandheng wes kesusu, nganggone parfum pas tekan lapangan. Barang upacara wes mulai, kelekku kok ngeroso panas campur sempriwing. Tak rasake, kok tambah panas. Nyong yo keder kecampuran bingung. Janjane kelekku candak opo? tak iling-iling karo baris ngikuti upacara".

"Njur ketemu apa sebabe Mbak?", timpal Mas Wira, merasa penasaran.

"Durung ketemu pas baris mau. Mbarang upacara selesai Nyong mbuka tas ning motor. Jebule botol sing mau tak oles-oleske ning kelek, yo iku minyak angin aromaterapi, pantesean kelekku nganti yah mene ngerosone panas karo sempriwing, mas, asem tenan ik, jengkel campur meh ngguyu keleke panas".

"Haahaha...haha...haha...Mbak Yu... Mbak Yu...opo ora biso mbedakno iku minyak baju karo minyak angin?", sontak Mas Wira menahan perut karena ketawa.

"Halah...Mas...Mas...piye neh wes kesusu opo wae tak leboke tas. Botole minyak angin wae sing salah ndadak dimiripke karo minyak baju, dadi kiye iki korbane. Kelekku semriwing tekan awan", jawab Mbak Wiri sambil tidak menghentikan kipas-kipas di antara lengan dan ketiaknya.


No comments:

Post a Comment