Saturday 19 October 2019

Menuso Golek Ono


Sehabis isya'an tadi, saat kaki Lek Karyo melangkah keluar dari masjid. Saat itu juga, beliau bergegas menghampiri sepeda onthel merek fongres menuju Warung Megono Kang Dullah.
Entah karena Lek Lastri istrinya hari ini tidak masak, beliau memesan 2 , nasi megono beserta tempe. Saat setelah duduk di warung, kemudian beliau berseloroh,
"Megonone 2 bungkus, Kang Dullah...bungkus! karo tempe", celetuk Kang Karyo.
"Oh walah....Lek Karyo, nembe teko mesjid Lek?" ,tanya Kang Dullah.

"Iyoo Iki Kang....lagi nggolek sangu megono",
"Gene, sangu megono?",tanya Kang Dullah penasaran.


"Owalah, megono kuwi tegese menungso golek ono Kang!"
"Ooh....ngoten Lek Karyo?kayake menarik iki jawabanmu?",tanya balik.

"Jaman biyen kuwi wong tuwo dewe wes nduweni sifat kanthi luhur. Sejatine megono kuwi menungso dikon nggolek ono. Tegese nggolek sangu kangge urip sak pungkase neng ndunyo", jawab Lek Karyo
Sembari nggoreng tempe, Kang Dullah menanggapi penjelasan dari Lek Karyo.
"Owalah aku nembe ngerti Lek, lha kok megono kuwi bahane seko gori Kuwi maksude kepriye Lek Karyo?"
"Hahaha....sampeyan kepo, Kang Dullah!"

"Bahan megono kuwi seko gori, alias gogoh ri. Gogoh kuwi artine nggoleki utowo madosi. Nah, istilah ri kuwi balung iwak sing kadang biso ngelarani lan kudu dibuang. Mulo gogoh ri tegese nggoleki eleke awake dhewe. Nek dienggo neng bebrayan masyarakat gori kuwi ngakon uwong dikon nggoleki lepate awake dhewe ketimbang nggoleki lepate wong liya".
"Nah ...kok megono artine keren ngunu Lek Karyo?".

"Kandani...owg, mulo awake dhewe nek wis mangan megono, kudu sregep golek sangu lan usaha ojo tumindak olo. Sregep nggoleki ri awake dhewe, (utawa goleki lepate dhewe) kuwi tansah luweh becik tinimbang nggoleki salahe wong liya".

"Jebule mangan megono kuwi ngajak wong tumindak apik yo Lek?"
"Nah... Iyo, milo wong Pekalongan kuwi kadi mbiyen dikenal santri mergo, sifate kanti welas asih ngilangke roso sembrono", pungkas Lek Karyo.

No comments:

Post a Comment